Senin, 03 Maret 2014

Sesorah Bahasa Jawa



Pengetan Dinten Kartini

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang dahat kinurmatan, bapak ibu para pambiji ingkang kinurmatan, bapak ibu saha shederek-shederek ingkang minulya. Langkung rumiyin sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur ngarsanipun Allah ingkang Maha Agung. Kita sampun uninga, bilih rikala tanggal 21 April 1879 sampun miyos satunggaling puteri nama R.A.  Kartini. Panjenenganipun putri Bupati Jepara, Raden Mas Sastraningrat.
Cita-citanipun ingkang luhur, ngentas panandanging kaum wanita sejajar kalihan kaum priya. Punika ingkang kedah dipunsumurupi. Sadaya punika mujudaken asiling perjuanganipun penggalihipun.
Senadyan sampun jumeneng jajar kalihan kaum priya, naming boten nama kedah sakersanipun piyambak. Wanita kedah priksa dhateng kodratipun. Contohipun guru, dokter, TNI, polisi, pimpinan perusahaan lan kepala presiden. Wanita kados pengembating brayan. Wanita kedah saged manuntun dhumateng putra-putrinipun. Wanita kedah bektos dhateng kakung saha njagi bale griya ingkang tata-titi tentrem. Menawi sadaya kaum wanita sampun kagungan pakarti kados makaten, wusanipun bangsa Indonesia badhe tata-titi tentrem kerta raharja.
Sumangga kita tansah mulat sarira, menapa sampun saged nglampahi sedaya gegayuhan R.A. Kartini menawa dereng, sumangga sesarengan mersudo tindak utami. Kita sami nggayuh kamulyan, amrih gegayuhanipun R.A. Kartini saged Kasembadan.
Pungkasaning atur, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar